TERNYATA NABI MUHAMMAD JUGA PEGANG HP ππ€ Kanjeng Nabi ki wus ra nana kang nyelak'i manawa awujud jalma manungsa nanging ora nana uga kang madhani apa sak apane kalawan manungsa liyane sing wus nate ngrasakne urip ana donya iki. Halawong kang milih uga nyortir ya Gusti kang akarya jagad dewe...π€ Sak liyane Kanjeng Nabi,ya ming nabi Adam sing nate ngrasak'ake kahanan ana ing akherat uga Mbah Siti Hawa. Nanging Kanjeng Nabi nduwe riwayat kang beda linangkung istimewah,amarga saka ndonya tindak tumuju sidrotulmuntaha jajah utawa mampir-mampir papan kang diliwati. Banjur isa kundur maning ana papan dununge kang diarani alam ndonya iki. Sing teka seprene isih padha krasan padha dinggoni manungsa amarga durung jeleh Gusti lehe maringi kesempatan para manungsa padha gedabigkan ana ing gebyar padhange bumi iki... Jare sapa jaman Nabi kuwi kuno ndesa "jadul"…? Padha isa mbayangne ra? Canggih endi BBMan SMSan WAnan apa neh arane yen di sandhingne ro donga? Yo ora bandhing! ...
Kabeh sarwa gratis tanpa ana istilah mbayar apa meneh lebon kreditan. Jenenge mbayar ki yo nek doltinuku,mboh arep diarani larang po murah gumantung lehe padha transaksi. Yen padha sarujuk'e ora dadi apa(kandhane ngonoπ€) Saiki kabeh sarwa mbayar,paribasan NGUYOH utawa KECERET bae mbayar. Apa tau krungu Pangeran Diponegoro lulusan universitas? Imam Bonjol,Patimura, Teuku Umar lan sak panunggale? Padahal kabehe diarani satria nganti kasebut Pahlawan Nasional Indonesia. Kayane dudu alumni salah sijining universitas? Kamangka kabeh sarwa linuwih babagkan kaweruh lan ngelmune. Rumangsaku wong mbiyen ki yo mesthi sinau ngangsu kaweruh padha karo cah saiki. Yo nduwe guru sing mulang barang. Yo ana jurusane barang mesthi. Sing pengin isa nambani yo sinau neng dhukunπ€ ,isa gawe gaman neng empu,isa mrantasi bab rohani nyang kyai utawa para wali,lan sak panunggale...apa ya sing mulang ki ngenehi reregan anggone mulang? Yen cara Jawa rumangsaku ming diarani ngenger melu wong kang linuwih,k...