Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2020

Nabi juga pegang hp

 TERNYATA NABI MUHAMMAD JUGA PEGANG HP 🙏🤭 Kanjeng Nabi ki wus ra nana kang nyelak'i manawa awujud jalma manungsa nanging ora nana uga kang madhani apa sak apane kalawan manungsa liyane sing wus nate ngrasakne urip ana donya iki. Halawong kang milih uga nyortir ya Gusti kang akarya jagad dewe...🤭 Sak liyane Kanjeng Nabi,ya ming nabi Adam sing nate ngrasak'ake kahanan ana ing akherat uga Mbah Siti Hawa. Nanging Kanjeng Nabi nduwe riwayat kang beda linangkung istimewah,amarga saka ndonya tindak tumuju sidrotulmuntaha jajah utawa mampir-mampir papan kang diliwati. Banjur isa kundur maning ana papan dununge kang diarani alam ndonya iki. Sing teka seprene isih padha krasan padha dinggoni manungsa amarga durung jeleh Gusti lehe maringi kesempatan para manungsa padha gedabigkan ana ing gebyar padhange bumi iki... Jare sapa jaman Nabi kuwi kuno ndesa "jadul"…?  Padha isa mbayangne ra? Canggih endi BBMan SMSan WAnan apa neh arane yen di sandhingne ro donga? Yo ora bandhing! ...