Kabeh sarwa gratis tanpa ana istilah mbayar apa meneh lebon kreditan. Jenenge mbayar ki yo nek doltinuku,mboh arep diarani larang po murah gumantung lehe padha transaksi. Yen padha sarujuk'e ora dadi apa(kandhane ngono🤭) Saiki kabeh sarwa mbayar,paribasan NGUYOH utawa KECERET bae mbayar. Apa tau krungu Pangeran Diponegoro lulusan universitas? Imam Bonjol,Patimura, Teuku Umar lan sak panunggale? Padahal kabehe diarani satria nganti kasebut Pahlawan Nasional Indonesia. Kayane dudu alumni salah sijining universitas? Kamangka kabeh sarwa linuwih babagkan kaweruh lan ngelmune. Rumangsaku wong mbiyen ki yo mesthi sinau ngangsu kaweruh padha karo cah saiki. Yo nduwe guru sing mulang barang. Yo ana jurusane barang mesthi. Sing pengin isa nambani yo sinau neng dhukun🤭 ,isa gawe gaman neng empu,isa mrantasi bab rohani nyang kyai utawa para wali,lan sak panunggale...apa ya sing mulang ki ngenehi reregan anggone mulang? Yen cara Jawa rumangsaku ming diarani ngenger melu wong kang linuwih,k...
Jamu gendong .... Manfaat dan khasiatnya tidak diragukan